Upacara
tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti saiki isih
kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi
kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi
wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, ancase supaya bayi
lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga
mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane serta nduweni guna marang
bangsa lan negarane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban
kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara
tingkeban kawiwitan mawa sungkeman.
Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing
ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang
bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure
upacara siraman, Ana ing upacara
siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon
ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang
bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu
kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka
calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang
bayi.”
Ing
upacara tingkeban, calon ibu ganti
nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur,
sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen
romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur kuning kang
diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak
banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi
lancar lan cepet. Banjur acara brojolan.
Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga
bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi).
Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan
Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi.
Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara
negara mawa tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane
nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.